Pages

Kamis, 17 November 2011

Kentang

Manfaate Kenthang
Biyen kenthang dianggep panganan wong landa. Nanging nyatane suwe-suwe kenthang dadi panganane wong pribumi. Kabukten panganan kenthang sing digawe saka kenthang bias ditampa dening masyarakat lan dadi lawuh ing kluarga Indonesia. Contone sambel goreng kenthang, perkedel, kroket, kering kenthang, lan sapanunggalane.


Miturut Tuti Soenardi, ahli dizi, kenthang minangka sumber energy sing ngandhut vitamin C, B, lan zat besi. Miturut Prof. Dr. H. Arjatmo Tjokrongoro, M.Ph., saben kenthang 100 gram ngandhut energy 83.00 kalori, protein 2.00 gram, lemak 0,30 gram, karbonhidrat 19,10 gr, kalsium 11.00 mg, fospor 56,00 gr, besi 0,70 mg,serat 0,30 gr, vitamin B1 – 0,09 mg, vitamin C 16,00 mg, lan niacin 1,40 mg.
Kajaba iku kenthang ngandhut mineral natrium kang kadhar alkalin-ne cukup dhuwur kang bias ngopeni kasarasane ati lan njaga otot-otot awak tetep elastis. Kenthang uga bias netralake asam urat ing getih lan ngurangi lendhir ing tenggorokan lan irung.

Kenthang gedhe manfaate tumarap kesehatan kulit lan kasulistyan. Kapisan, ngalusake kulit, kenthang siji dikumbah resik diuceki banjur diparud. Dioserake rata ing kulit pasuryan.nanging sadurunge mripat sisih ngisor. Kenthang sawise dionceki diparut. Diwadahi serbet tipis (kain kasa) banjur dipenek-peneke ing panggonansing abuh, utamane ing tlapukan ngisor. Anggone menel rada nemen supaya duduhe kenthang metu nelesi kulit.
Katindakake kanthi tlaten. Katelu, ngalusake dlaman tangan. Kenthang siji sawise dikumbah resik lan doceki, diparut banjur dicampur karo peresan jeruk purut. Dioserake lan digosok-gosokake ing dlamakan tangan nganti rata, ditogakake kira-kira 20-30 menit. Yen wis banjur tangan diwijiki nganti resik.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar